Jenis Cerita Rakyat / Dongeng dalam Bahasa Jawa Tuladha Sage, Jaka Tingkir
Salah sawijining jenis cerita rakyat / dongeng, yaiku Sage. Sage yaiku, dongeng
sing isine ana gegayutane karo sejarah, nanging akeh wuwuhane.
Tuladha = Jaka Tingkir, Jaka Tarub
|
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging.
Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir.
Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga
dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda.
Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang
Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu
agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki
Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo
putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing
omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah
ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat
dadi lurah wiratamtama.
Ing
sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir
kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane
pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon
prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika.
Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir banjur meguru
marang Ki Ageng Banyubiru,
Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak
Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening
muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane
Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis
dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora
karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang
kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi
ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga
saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan
ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka
Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran
Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang
kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran
Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing
Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi
becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya
Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa
pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya
Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki
Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki
Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake
Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi
ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi
gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri
kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati.
Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age
menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening
Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan
Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani
hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan
Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan
Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki
Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke
sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya
ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582
Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar
Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran
Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka
Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya
bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep
luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake
dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang,
nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan
Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem
karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit
tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa
Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang
ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane
medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing
desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong
kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir
krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir,
Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan
mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora
salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan
ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki
Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh
marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana
kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa
ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir
alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon
ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng
Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone
ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka
Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang
wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah
prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir
ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag,
pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
0 Response to "Jenis Cerita Rakyat / Dongeng dalam Bahasa Jawa Tuladha Sage, Jaka Tingkir"
Posting Komentar